26 September 2013

Arti Warna Menurut Filsafat Jawa Kuno

Di Jawa Timur ada tradisi kuno namanya Loro Pangkon, tradisi ini adalah untuk acara pernikahan yaitu tradisi membawa boneka jago untuk diserahkan ke pihak pengantin perempuan. Ayam jago tersebut adalah simbol dari pengantin laki-laki yang dipuji-puji penuh dengan kelebihan. Tradisi Loro Pangkon ini hanya diperuntukkan bagi pasangan pengantin yang belum pernah menikah. Artinya, pengantin perjaka bertemu perawan.

Pada Salah satu dialog ada makna tentang warna yang di jlentrehkan menurut filsafat Jawa, pada dialog dibawah ini yang aku cetak tebal adalah penngertian tentang warna tersebut.

Berikut adalah dialog Loro Pangkon berdasarkan rekaman kaset Ludruk Kartolo Cs, di mana si pembawa jago aku lambangkan dengan huruf A, sedangkan si penerima jago aku lambangkan dengan huruf B. Percakapan dilakukan dalam bahasa Jawa Timuran.

Berikut adalah dialog Lara Pangkon yang saya tulis berdasarkan rekaman kaset Ludruk Kartolo Cs, di mana si pembawa jago saya lambangkan dengan huruf A, sedangkan si penerima jago saya lambangkan dengan huruf B. Percakapan dilakukan dalam bahasa Jawa Timuran.

A : “Assalamualaikum.”
B : “Waalaikumsalam. Tejo-tejo sulaksono, tejone wong anyar katon. Ilang tejane cumlorot saksodo lanang, jumleger kari menungsone. Dherek niku sinten namine?”
A : “Nami kulo Pak Cukup, yogane Pak Turah. Tegese cukup sing disandang lan dipangan nganti turah-turah.”
B : “Lha sampeyan niki saking pundi pinangkane?”
A : “Kula saking Suroloyo Adilinuwih. Suro tegese wani, loyo pati, adi bagus, linuwih samubarang kalire. Lajeng panjenengan meniko sinten, lan niki dusun pundi?”
B : “Nami kulo Darmojulig. Darmo niku temen, Julig niku duta perwakilan, lan niki dusun Karang Kadempel. Tebih saking Suroloyo dumugi Karang Kadempel mriki, menopo ingkang sampeyan padosi, Dhik?”
A : “Madosi griyane mbok rondo sing gadhah petetan pitik doro, aran Sekar Joyo Mulyo, ingkang dereng rontok sarine.”
B : “Lha nggih niki Dhik, sing sampeyan padosi. Cocok nggih niki.”
A : “Niku jenenge mapan kabeneran, dapur kaleresan.”
B : “Wonten paribasane, tumbu oleh tutup, bantal oleh guling. Tebih saking Suroloyo, liwat dalan pundi sampeyan wau, Dhik?
A : “Liwat lurung tengah, kanan kiri karang kitri, katik numpaki jaran napas.”
B : “Jaran napas? Lajeng pirantine jaran napas niku napo mawon, Dhik?”
A : “Lise gemi, setiti, ngati-ati. Cemeti ati suci. Tropong waskito lair trusing batin. Lapak sadat panetep panotogomo.”
B : “Tebih saking Suroloyo dumugi Karang Kadempel mriki, nopo mboten kendel sampeyan wau, Dhik?”
A : “Kulo wau kendel ten kutha Mesir, nggih griya sampeyan niki sing kula sir.”
B : “Lha ingkang sampeyan beto niku napa, Dhik?”
A : “Niki Sawung Seto Wono. Tegese, sawung jago, seto putih, wono alas.”
B : “Lha condrone jago sampeyan niku napa, Dhik? Sampeyan terangaken siji-siji.”
A : “Siji-siji? Nopo mawon, dugi pundi sing sampeyan takokaken? Kula jawabe.”
B : “Jago sampeyan niku ndase diarani ndas nopo?”
A : “Cepuk emas tunggul nogo.”
B : “Gulune?”
A : “Tunggul wulung.”
B : “Mripate?”
A : “Merah delima.”
B : “Jenggere?”
A : “Emas berliyan.”
B : “Cucuke?”
A : “Aran wesi pulosrani.”
B : “Lha kupinge?”
A : “Suling bremoro.”
B : “Jembele?”
A : “Sumber komojoyo.”
B : “Rawise?”
A : “Cinde amoh.”
B : “Dhik, kari siji, kula badhe takon kok sungkan.”
A : “Mboten nopo-nopo. Niki mboten wonten wadi, wonten jlentrehe sedoyo.”
B : “Mari rawise, lha teleke, Dhik?”
A : “Wadhah roso.”
B : “Lha guayane?”
A : “Teja warno.”
B : “Ulese?”
A : “Manco warno.”
B : “Lho, kok saged manco warno? Nopo mawon dumununge?”
A : “Ono putih, ono abang, ono ireng, ono kuning.”
B : “Lha maknane nopo, cubo sampeyan terangaken siji siji?”
A : “Putih ing wetan panggonane, manuke kuntul, gunungane kapur, segorone santen, kembange kembang cempaka, kuthone sloko, sing mengku Bethoro Guru, manjing neng ati suci.”
B : “Lha sing abang?”
A : “Abang ing kidul panggonane, manuke wulung, segorone getih, gunungane geni, kembange wurawaribang, kuthane tembogo, sing mengku Bethoro Bromo, manjing nduk durgomongso.”
B : “Lha sing kuning?”
A : “Kuning neng kulon panggonane, manuke podang, segorone madu, gunungane welirang, kembange kenikir, kuthone kuningan, sing mengku Bethoro Komojoyo, manjinge nduk kebrahen.”
B : “Lha sing ireng?”
A : “Ireng neng lor panggonane, manuke gagak, segorone nilo, gunungane areng, kembange menteleng, kuthone wesi, sing mengku Bethoro Wisnu, manjing nduk sipat kelanggengen.”
B : “Lha sakniki suwiwine?”
A : “Belah jagat.”
B : “Sikile?”
A : “Songgo bumi.”
B : “Jalune?”
A : “Sipat jentik gumolo netro.”
B : “Pitik sampeyan niku dereng nate tarung tah, Dhik?”
A : “Lho, dereng nate.”
B : “Lha kok jalune bundhel, ngoten?”
A : “Lho, tapi nek kadung tarung, tarung sepisan kenek jalune pitik kula, abuh dherek.”
B : “Abuh mboten saged waras?”
A : “Saged waras nek sampun sangang wulan sepuluh dino, katik dicelukaken dhukun bayi.”
B : “Lha cakare?”
A : “Sapu jagad.”
B : “Buntute?”
A : Tebu sauyun sineret, koyok mega diapit kluwung.”
B : “Kukune?”
A : “Lempuyang akik.”
B : “Pakane?”
A : “Sega putih, iwak ati, jangan kluwih.”
B : “Maknane nopo, Dhik?”
A : “Sega putih niku wis suci, nek wis suci kudu sing ati-ati, supoyo luwih-luwih sing disandang lan dipangan.”
B : “Lha ngombene?”
A : “Wadhah kawah condrodimuko, isine durga pangongso-ongso.”
B : “Lha sing ngombeni?”
A : “Sing ngombeni dulur papat lima badan, sing papat manjing nduk keblat, sing siji wujud.”
B : “Lha maknane?”
A : “Keblat niku papat; wetan, kidul, kulon, lor. Lha wujud niku pancer.”
B : “Lha pangkringane?”
A : “Kajeng krudo mandero.”
B : “Paturone?”
A : “Dalem madigondo, bantal piwarah, kemul pitutur, dene kurungane lair lan batin, mudune jengkar guling kursi gading.”
B : “Lha kok jago sampeyan mboten saged kluruk, Dhik?”
A : “Nggih saged. Cuma saumur kluruk pisan tok. Kluruke wayah jam wolu esuk, metu nduk ayunane sidodadi, diapit lan diadep para priyayi, diwulang bapak naib.”
B : “Lha wulangane nopo?”
A : “Laras kalih agamane, dene nek Islam nggih sahadat.”
B : “Lha mudune jengkar guling kursi gading niku maknane nopo, Dhik?”
A : “Sakjerone gerdin, dodo siji tinawonan, bekupone jero turon, isi putri kawudanan, sang putra niba pangkon.”
B : “Lha wetenge niku isine nopo mawon, jago sampeyan?”
A : “Isine beras, ndok, lan emas.”
B : “Maknane?”
A : “Beras tegese iber-iber, ojo nganti uwas. Dene ndok weruho dadare, emas weruho lelere.”
B : “Lha telene?”
A : “Isi rojobrono, mas picis, lan tigan lantakan. Mbah belowo isi ketumbar lan mrico, tegese kemanten ora bakal diumbar tapi bakal diloloh.”
B : “Nek ngaten, jago sampeyan iku jago petingan, Dhik. Jago pawijen, sanes jago sembarangan?”
A : “Nggih, dhasar keporo nyoto.”
B : “Nek ngaten amrih saene, ayo seduluran kalih kulo. Jago sampeyan kulo pek’e.”
A : “Lho empun ndeder perkoro lho, nggih? Pengin ngepek jago kulo, kulo rewangi pecahe jojo wutahe ludiro.”
B : “Lho nek ngaten ayo, Dhik.”

Selanjutnya adalah adegan pencak silat yang dimenangkan oleh wakil pengantin perempuan.

A : “Nggih niki jagone kulo sukakaken sampeyan, tapi mboten gampang kula sukakaken lho. Wonten tebusane.”
B : “Lha nopo tebusane?”
A : “Satak selawe, sejampel suku selawe.”
B : “Lha nopo maksude?”
A : “Nek tak jupuk rolas, manjinge nang taun.”
B : “Lha kok saged?”
A : “Setaun ana rolas wulan. Nek tak jupuk telung puluh manjinge nang wulan.”
B : “Kok saged?”
A : “Sakwulan telung puluh dino. Nek tak jupuk pitu manggone nang dino, seminggu petung dino. Nek takjupuk limo, manjinge nang pasaran. Nek takjupuk telu manjinge nang kemanten lanang wedok sak waline.”
B : “Nek wonten kemanten lanang, kudu wonten kemanten wedok, nek mboten wonten waline?”
A : “Mboten dadi, Dherek.”
B : “Lha gemrudug neng wingking sampeyan niku sinten, Dhik?”
A : “Niku pengiring kulo, wadyobolo kulo saking Suroloyo.”
B : “Lha nopo mawon sing digowo?”
A : “Niku tumbak, tegese kangge mbabat dalan. Lha sing digowo kabeh aran misro lan misri. Misro kagowo balik, misri kagowo kari. Misri teko wujud, bukti, makna, maknane rupo dom lan bolah. Dom landepo pikire, bolah netepi ular-ular kuno. Jambe suruh sekar bahu, supoyo weruh sekar banjare, nini kemanten lan kaki kemanten.”
B : “Lha peti cilik sing dipikul niku nopo, Dhik?”
A : “Niku jodang cilik, aran jodang joli jempono. Tegese, wolak-walik sampurnane, nini kemanten lan kaki kemanten.”
B : “Napa mawon isine?”
A : “Gedang minongko sajen, tegese gegedo lan padango pikire, ngajenono awake. Kupat lepet ngluwaro nadare, ngluwarono sengkalane, netepano agamane, cedakno rejekine, adohno bilahine.”
B : “Lha kendi niku nopo maksude?”
A : “Minangko wong tuwo, bek kecangking, kothong kecangking. Kendi nyekseni lan mundi mundi.”
B : “Lha enten klopo sing gancet niku nopo?”
A : “Mulane nek ngepek mantu ojo sampek gawe papane wong tuwa, wet kudu dipepet.”
B : “Lha bokor kuningan niku?”
A : “Ojo sampek nglokor, kudu diuning uning. Mulane nek ngapek mantu kudu diuning-uning utowo dituturi, empun diumbar mawon.”
B : “Lha piring cangkir niku?”
A : “Piring minongko lantaran, cangkir nyancang pikir. Lungguhe aran lepek, duwe gawe ojo sampek klepak-klepek. Umpul-umpulo dhisik, tegese ngumpulno bondone, ngumpulno sanak familine, bisa musawarah. Lepek, untung rugi disonggo dewek.”
B : “Lha sing leter L niku nopo jenenge, Dhik?”
A : “Sing pating grandul niku? Niku gawangan, arane ongkek. Mulane ngapek mantu kudu disawang, aja sampek diongkek.”
B : “Lha sing enten danganane niku?”
A : “Niku siwur, tegese nyuwurno awake nek duwe gawe.”
B : “Lha sijine?”
A : “Sijine niku erus, tegese nerusno karep.”
B : “Lha kekep niku nopo?”
A : “Rumongso nek duwe sikep, dikekep tapi gak marai ongkep.”
B : “Lha sing leter L?”
A : “Leter L malih? Niku ilir, tegese ngapek silirane. Jeneng liyane tepas, tegese titip napas. Mulane nek ngapek mantu, miliho sing napase landung.”
B : “Lha sing bunder cangkeme ombo?”
A : “Niku kemaron, tegese karon-karonan mawon pokoke beres.”
B : “Lha sijine sing rodo mblenduk niku?”
A : “Arane kendil isine klopo, nek wis njendil mari lapo-lapo.”
B : “Lha enten barang gepeng katik bunder niku nopo?”
A : “Niku cowek, asale konco dewek sakniki dipek.”
B : “Lha sing niku?”
A : “Niki dandang, tegese ndang dadiyo. Dandang isi sega, nek dipangan marai seseg tur lego.”
B : “Lha kukusan?”
A : “Bisaa ngukus derajate, nek enak ojo lali wong tuwo. Paribasane gak ono kukus tanpo geni. Wong tuwa minongko genine utowo asal-usule.”
B : “Wah, nek gaten empun ngerti sedoyo kulo, jelenterehe.”
A : “Sampun kulo jelentrehaken sedoyo. Sakniki kulo titip jago niki minongko anak kulo lanang.”
B : “Nggih, Dhik, kula tramine sampeyan sekseni.”
Demikian...

Pengelola Blog

Zainoel Arifin Isa'i : Penulis Blog. Ketika aku tidak nongkrong di warung kopi atau menyusuri hutan atau juga mendaki gunung, aku sibuk menjadi tukang desain lepas yang bermarkas di sudut kamar belakang rumah di daerah pelosok desa terpencil lereng Gunung Arjuno.
Machfudz Arif : Teknisi Blog. Pekerjaan sebagai Web and Mobile App Developer yang bermarkas di Lembah Tlogo Krabyaan di sebuah dusun yang dikelilingi perbukitan nan elok dan berudara segar.

5 comments:

Berkomentarlah yang bijak, iklan/spam langsung dihapus